Jumat, 23 September 2011

Tanggap Wacana Pasrah Penganten Kakung


Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para sesepuh, pinisepuh, saha kasepuhan, ingkang satuhu kinormatan. Para nayaka satriyaning nagari ingkang kawula hormati. Utamanipun dhumateng panjenenganipun Bapak Raharjo sekaliyan ingkang dahat kinurmatan, ugi sedaya keluarganipun ingkang kawula hormati. Sagunging para rawuh kakung saha putri ingkang kinasih dening Allah SWT, ingkang bagya mulya ingkang kula hormati.

Langkung rumiyin kawula ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng Allah SWT ingkang tansah paring kanugrahan, kawilujengan saha kesarasan sahengga kita sedaya saged makempal utawi pepanggihan wonten ing mriki kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.

Sak lajengipun sholawat ugi salam mugia tansah katur junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun paring pepadhang dhumateng sagunging umat manungsa, saking pepetenging jaman jahiliyah dhumateng alam keislaman punika. Kanthi pangajeng-ajeng mugia kita angsal syafaatipun benjang wonten ing yaumul kiyamah. Amiin.

Keparenga kawula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, bilih kawula tinanggenah minangka tetalanging basa cundhakaning atur saking Bapak Suryodinoto, ingkang pidalem wonten tlatah Dusun Waluyorejo, RT 03/RW 01, Kecamatan Puring, Kabupaten Kebumen.

Ingkang sepindhah:
Bapak Suryodinoto sekaliyan ngaturaken salam taklim mugia katur dhumateng panjenengannipun Bapak Raharjo sekaliyan. Mugi-mugi Bp. Rahrjo sagotrah tansah pinaringan pangayomaning Gusti, widodo wilujeng sarta kabagaswarasan.

Kaping kalihipun:
Kawula sumela atur wonten ngarsanipun panjenengan sedaya, awit kawula ingkang tinanggenah mingka duta saraya saking Bapak Suryodinoto, kinen masrahaken calon penganten kakung ingkang pebarab mas Joko Santoso. Ing wekdal punika ugi calon penganten kakung, kawula pasrahaken sawetahipun dhumateng panjenengan. Salajengipun, sasampunipun calon penganten kawula pasrahaken lan sampun katampi, sumangga calon penganten mbenjang supados kaijabaken kaliyan mba Suryaningsih putra putrinipun panjenengan ing wekdal ingkang sampun dipun tentokaken. Sumangga kita sedaya ndherek ndhedonga mugi-mugi adicara ijab kobulipun tematen kekalih semangke sageda kalampahan kanthi wilujeng, kalis ing sambekala, mboten wonten alangan satunggal punapa. Amiin!

Kaping tiganipun:
Ing wekdal punika Bapak Suryodinoto sekaliyan lumanta kawula, ugi ngaturaken sarana miwah upakarti sanesipun, minangka jangkeping tata cara sesemahan. Wonden ingkang badhe kula aturaken wonten ngarsa panjenengan inggih punika, sepindah sarana ijab ingkang arupi seperangkat alat sholat kagem mas kawin, kaping kalihipun ageman kangge calon temanten putri, ingkang nomer tiga arupi perhiasan emas 10 gr, wondene ingkang arupi arta inggih punika arta Rp. 5.000.000,- kangge caos pembiantu anggenipun panjenengan damel wilujengan, arta Rp. 200.000,- kagem panganjal-anjal.
Kejawi saking punika, ugi wonten bektan sanesipun ingkang mboten kula sebut setunggal mbaka satunggalipun, sumangga sedaya sarana saha bektan kala wau, kawula aturaken dhumateng panjenengan, mugia saged ngentheng-ngentheng anggen panjenengan kagungan kersa lan damel gancaring ingkang badhe lumampah.

Ingkang kaping Sekawan utawi ingkang Pungkasan:
Mbok bilih Bapak Suryodinoto sekaliyan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti sanesipun, wonten kekiranganipun ingkang andadosaken kuciwaning penggalih, Bapak Suryodinoto sekaliyan mawantu-wantu nyuwun agunging pangapunten.
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, kawula minangka duta saraya, talanging, sedaya kekirangan, kelepatan, kirang trapsila lan tata krama, tata basa saha kaladuking atur kawula ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya, kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wusana cekap semanten atur kawula,
Billahit taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikkum warahmatullahi wabarakatuh.

Nuwun!

0 komentar:

Posting Komentar

 

OURS. Design By: SkinCorner